Rabu, 29 September 2010

Crito Boso Jowo

Basket

Lapangan basket persis nang sebelah omahku nggal dino suarane jedhak-jedhuk nggo main basket, ora esuk ora sore ora mbengi. Tapi karena wis biasa yo akhire ora merasa terganggu.

Nek esuk nganti awan, biasane dienggo karo cah sekolahan sing pas pelajaran olah raga, soko macem-macem sekolahan sing ora duwe lapangan basket ning sekolahanne. Mulai jam 3 biasane do enggo cah-cah sing tergabung ning perkumpulan / klub do latihan. Dimulai dari latihan fisik, mlayu mubengi lapangan, senam, biso berupa gerakan kaki, latihan pinggang, diteruske latihan teknik dribble, oper-operan, lemparan, tangkap, shooting lan liya-liyane, terakhir diakhiri dengan main.

Bengine sekitar jam 7 wis ganti meneh pemaine yoiko pemain sing luwih senior, biasane klub inti sing biasa melu pertandingan.

Biasane sewulan pisan klub iki ngundang tamu sesame klub, baik dalam kota utowo luar kota untuk sparing partner, bertanding. Kadang klub sebelah omah sing diundang untuk bertanding ning njobo.

Oh iyo jenenge klub sing ning sebelah omah yo kuwi “Sinar Selatan” (aku dewe ora tahu ngerti artine opo kok nganggo kata ‘Selatan’ barang). Pemain sing keitung pinter sing terkenal iku jenenge : Wee Ohn lan Wee Kong (nama depannya kebetulan bae podho, asline si dudu sedulur) sing tau memperkuat Tim basket Jawa Tengah pas dong PON (Pekan Olah Raga Nasional).

Jenenge be bocah sing omahe jejer karo lapangan basket, wis mesti nek, ora mung sering ndelok permainan basket tok. Pas lapangan ora dienggo mergo pemain do istirahat, bale khan nanggur, Lha kuwi kesempatan cah-cah sak barakanku do nyilih nggo lebok-lebokan nang jaring. Sing biso nglebokke bal ning jaring diwenehi kesempatan meneh. Nek ora mlebu bal dingo rebutan sing entuk yo entuk kesempatan nglebokke bal ning jaring. Karena berulang-ulang saben dino, yo ora eram nek akhire cah-cah mau do pinter-pinter dewe, dari mulai drible, umpan tangkap, shooting, lay out yo dikuasai dengan baik.

Mung bae karena iurane tergolong larang dadi tonggo-tonggo sing sebaya yo ora ono sing mlebu klub kuwi, yo sekedar nggo biso-bisonan thok.

Kanggo aku dewe, keterampilanku main basket dadi kanggo ning sekolahan dadi tim inti nek pertandingan karo sekolahan liyo. Latihan sing ora sengojo kuwi ndadekke tubuh dadi sehat dan bagian tertentu dadi kuat, kempole ora sengojo dadi gedi, padahal jaman mbiyen khan tau usum celono sempit, dadi tambah sempt. Sikil sing kuat itu disamping berguna nggo mlayu cepet, lompat, juga mbantu nggo melakukan gerak tipu pas ndrible bola.

Ndilalah sekolahanku ono lapangan basket, dadi koyone olah raga andalan sekolah yo basket kuwi. Tapi rupane sekolahanku dudu siji-sijine sekolahan sing nduwe lapangan basket, dadi tiap ono kejuaraan basket ora selalu juara I, biasane ganti-gantian antara SMA nggonku kare Santo Bernadus sing dadi juara I utowo loro, sing podo-podo nduwe lapangan basket.

Yo goro-goro basket kuwi dadi sering melawat ke luar kota, nek pas kunjungan ning sekolahan luar kota dadi nggowo Tim basket nggo pertandingan persahabatan. Sing paling adoh yo tekan Klaten, sebelah wetan Ngayojokarto (Hallo ….. alumni SMA Negeri Klaten). Disamping basket ono malam keseniane barang, ndilalah aku yo melu grup folk song sing nyanyekke lagu-lagu daerah, kelasku dipelokke nggo ngisi acara kuwi, mergo menang wektu lomba per kelas.

Kegiatanku main basket ora tekan klimaks, pas kepilih dadi pemain mewakili pelajar kota nggo pertandingan antara kota seprovinsi, ndilalah pas wektune mepet karo ujian akhir, dadi pada akhirnya mundur secara diam-diam, ndilalah pas latihan terakhir aku pas mriang, demam, mungkin karena mikir antara kepingin melu nang Semarang utowo mementingkan ujian akhir sekolah. Sedih sih , tapi ora pop o. Sing penting sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar